Cakrukan Kang Parmin dan Kang Gombang. Lokasi : Halim , cumak 15 -menitan ..
Gombang : " Lahhh..iki apa bocahe ! gombal awakmu Min..Min..suwe ora nongol eee..pisan2e nongol malah gawe geger "
Parmin : " Ora ngono Mbang ,aku dhewe ya kepepet jare , lha wes pesen ngalor ngidul supaya masalah dhuit DKP sing ora sepiraa aja digae diskusi eee..malah mrojol ning cah2 koran ,ya..aku ngaku pisan "
Gombang : " Njur yen wes ngene iki piye ,coba ? "
Parmin : "Halah..halahh..koyok ora apal lageyane wong2 wae awakmu ,dijarne wae ora nganti sewulan mengko lak oleh kesibukan liya ,ya ngurusi crane sing ceblok ning SCBD lah , apa blethok-e si Abugocal Sukri sing wis meh setahun ora isa di-ndheg lah .."
Gombang : " Ora ngono , aku dadi ra penak ,dikirane wong2 aku melok bancakan wingenane "
Parmin : " Kekekek..yen wis dirungu cah2 ya aja selak tho ,masiya ora melok kondangane tapi khan awakmu oleh gandhulan diteri berkate ,pokok-e Mbang ,yen cah2 koran wis dha ngablak mendhing slimuren nganggo mainan liyane ,ben ndang lali..”
Gombang : “ Kayata ?”
Parmin : “Yaa..apa aelah ,ontran2e Yossi sing digrebeg pulisi Ustrali ,apa Marinir sing mbedhil wong Pasuruan ,apa isu anak-ke Mbahe sing arep cerai karo bojo tuwane gara2 penyanyi Purwokerto ,halah…halah..ndadak takon barang ,biasane awakmu pinter ethok2 nganti dha kapusan nyoblos “
Gombang : “Aja ngono ta Min , saingan ya saingan tapi ojok banget2 olehmu nyalah2ke aku ,upamaneya awakmu lungguh ning kursiku mestine ya ora kacek ribete .Jarene cah2 sakdurunge mrene awakmu ditelpon kanca2ku sing wis dha pensiun ,dha omong apa Min ? “
Parmin : “Alaaahh..jenenge ae wong serik ,ngomonge ya ramutu “
Gombang : “ Aku mik kuwatir yen dha srudak-sruduk tanpa konfirmasi ,malah dadi dha ora penak ,akhire malah isa kisruh karo dulur tuwa “
Parmin : “ Tumben awakmu melankolis…hehehhe..biasane cuwek2 ndableg “
Gombang : “Min ,aku ki mung nggagas ,si Sabar Kanjung kae wes tau keblithuk urusan beras nganti 40 milyar ,malah teken cek barang ,lha bocahe mik glegas gleges ora nggenah tapi sampek sakiki malah wes ora kocap critane “
Parmin : “Kekekkek..lha ya beda to Mbang , awakmu lak istilahe ketiban ndaru ,oleh kursi tiban ,lha si Sabar kae pancene latihan nggarong wiwit cilik ,bocahe lunyu banget kaya welut kecemplung oli,lha yen karo awakmu ya bumi langit “
Gombang : “Iya ya..”
Parmin : “Wis Mbang ,ngono sik ya ,aku ora penak karo kanca2mu yen nyakruk kesuwen karo kowe ,durung mengko crowat-crowete cah koran ,sing penting aja mbok gagas jero2 risalah DKP iki ,lha Kiai Kasim sing kupluk kajine putih ae wes ngaku nampa kok ,kowe sing isih alipbaktak mikir jero2 .Wes ngono sik ,tak liwat lawang mburi wae ,ana Tulus nyanggong ning lawang ngarep ,cah kuwi sak kampung karo aku tapi nek takon sok aneh2..”
Gombang :” Suwun ya Min .Mengko kapan2 yen wes rada adhem tak dolan nyang ngomah karo nyaine ,tak gawakke gereh layur senenganmu “
Parmin :” Ya wes andum slamet , mbok aja cethil2 ta Mbang ,gawanmu mik gereh layur , mbok sekali2 nggawa mbako enak ,aja mbok udud dhewe ,nek enak ya eling karo kanca “
Gombang mung nyengenges.Parmin ki pancen lucu , mbako enak mung patang lodhong eee..dijaluk ,pikire .Coba yen dheweke sing ketiban ndaru ,aja kok mbako enak ,eling kanca wae durung mesti.
Thursday, May 31, 2007
Subscribe to:
Posts (Atom)
madhep ngalor..
madhep ngidul...
nyawang ndhuwur...
ndhingkluk..
akhire yo mung tetep bingung