He..he..he..
para sanak kadang kaya mangkono wis diaturke Ki Indria ,aku ya mung isa manggut2. Yani crita jarene yen malem minggu pasien-e sampek mbludag ning tritisan jejere .
Yani (karo ngabani parkir ,pas mulih) : Tumben mung sethithik ,Mas ,kancane sing teka ?
Aku : Iya ,Tulus lagi ngejar dhet-len ,liyane dha lagi repot ngosek bare banjir ..
Yani : Ohh..padha sehat to Mas kanca2ne ?
Aku : Sehat ..sehat ..,piye bisnise Yan ?
Yani : Lumayan..wingenane rada kisruh ,dioprek karo sing nduwe emperan ,padahal mesti tak resiki sampek licin .Tapi bek-e wis lali , aku bali mrene ya ra popo.
Aku : Wah..ya rada sulaya ya ?
Yani : Biasa mas ..wong cilik (karo ngguyu entheng tanpo beban ,padahal iki Jakarta -the metropolitan )
Sak ndalan2 aku mung nrawang2 ,nyinau spirit-e Yani anggone nggelut panguripane .Camikan bakar sak ambrah2 , sego kucing pirang2 conthong,wedang gonta-ganti gelas bareng digunggung mung 39 ewu ,batinku :gek marjin-mu ki piro to Yan..Yan..
Tak kira esem lan guyune sing tanpo beban ora nyangkut paut karo marjin dhasarane ,sawetara ana wae jalma manungsa sing jan kendho graitane ,weteng sing ya sakmono wae kaya2 arep nguntal awang2 sak Gathotkacane nyerot isine bumi nganti sliliten Ontorejo ,montor pirang2 paling sing ditumpaki ya mung siji , omah sak ndhayak wes ora kober ditilik-i ,malah vilane marahi jugrug perengan lan banjir ning kutha .Dibelani njupuk hak-e liyan ngepat-ngepot golek rute korupsi ,akhire ya mung ngglethek ning rekening ,lunga ning restoran paling mung kuat rong piring ,tuku klambi patang lemari sing dinggo ya paling siji loro ,lha yen dinggo kabeh malah ketok banget yen ora waras ,lah ! Sing rada kreatif mbuh blaka mbuh singidan ,ora perduli mentri ,kiyai , priyayi ,pejabat ,DPR member padha ngoleksi omah sisan karo 'isine' ,sing akhire malah mung nggo guyon wong lumrah soale panu lan korenge di zoom ning pitulikur channel tipi.Mbuh lah !
Meh tekan Tanjung Duren..
Olehku ngalamun udhar ,nambahi nyadhar menawa butuhku ya mung saderma ,sithik , malah kepara sethithik banget .Aku malah ewa karo guyune Yani ,sing entheng tanpo beban. Gusti..kula nyuwun pepadhang !
;-)
Tak kira Yani ora pati ngrewes omongane Robert Kiyosaki .
Friday, February 23, 2007
Subscribe to:
Posts (Atom)
madhep ngalor..
madhep ngidul...
nyawang ndhuwur...
ndhingkluk..
akhire yo mung tetep bingung