Thursday, May 11, 2006

geseh..

seminggu sakwise,isih cowok sing jam-e isa murub,
ngapel maneh..
jam 10 wengi , udane tansaya deres,blaik..
cow :"kok ra terang2 yo.. (mbok ya udan badai to ya..ya..)
cew :"paling sedhiluk maning terang mase " (ck ,udan yo mbok ben malah apik )
cow : "aku ki ra penak karo bapakmu " (kowe kok ra nawani nginep to ?)
cew : "ora opo2 lha witekna udan .." (sekali2 mbok nginep kene ;-) )
cow : " wah wes wengi..tak nrabas udan waelah ,tak pamitan bapakmu ,undangna gih " (jane yen udan ngene iki kesempatan emas ..ck)
cew : "ya wis.Paak.. ! mase arep pamitan ! " (dhasar cah jirih..rawani nembung nginep..ooo..kendel sithik napa seh )
cow :"sampun dalu Pak,kula nyuwun pamit " (mbok ngedhur nganti esuk ta ,jane kuwat aku )
bapake cew : "lha isih udan ,mbok mengko wae" ( bocah ra nggenah ,wes yahmene isih ngerek-i anakku ae,gemblung tenan !)
cow :"maturnuwun Pak,kula nrabas mawon ,parenggg.." (jane pengin Pak ,tapi karo sampean aku kudu jaga imej ,piye ya enak-e cew ?)
bapake cew: "aja nekat to nak,mengko malah masuk angin .." (lha mbok udan badai ya kudu nrabas ,rasah mbok kandhani..dhasar!)
cow :"nyunsewu menawi ngampil mantol punapa wonten ,Pak ?" ( ah..jan2e isih pengin glenik-an karo si cew )
bapake cew :"jupukna mantol kae ndhuk .." (mantol we ra gableg ,lha nek sampek ngrabi anakku lak ya cotho tembe mburine ..)
cew :" niki Pak..,ngati ati neng ndalan mase " (ojok mulih sik tah ,sik rung marem ketemune ,wes klemar klemer ra agresip ..ndadak kesusu mulih pisan)
cow :"parenggg.." (teloo...)
cew :"mangga maseee..." (bfff..@#$%&*^%..)

2 comments:

Unknown said...

huahaaahaa...

apik tenan mbak!! thanks alot...

sampeyan lenggahe pundi to mbak? kula wates..

nuwun

keboijo said...

wates? karo patunge Nyi Ageng Serang ngidul po ngalor ? aku ning nJakarta.