Thursday, January 06, 2005

gatholotjo


Dene unineng gamelan
wayange kang den gameli
dhalange mung darmo ngucap
si wayang kang darbe uni
prayoga gedhe cilik
manut marang dhalangipun
sinigeg gangsa ika
kaki dhalang masesani
nanging darma ngucap molahake wayang


Parentahe ingkang nanggap
ingkang aran Kiai Sepi
basa sepi tanpa ana
anane ginelar yekti
langgeng tan owak gingsir
tanpa kurang tanpa wuwuh
tanpa reh tanpa guna
ingkang luweh masesani
ing solahe wayang ucape ki dhalang...

No comments: